53 Bapakne mau banjur kelingan yen ing wayah iku anggone dipangandikani dening Gusti Yesus: “Anakmu urip.” Priyayi mau tumuli pracaya dalah sabrayate kabeh.
Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.
Sakarone banjur didherekake menyang ing omahe lan padha dicaosi pisegah. Lurah pakunjaran mau banget bungahe dene dheweke lan kabeh wong saisining omahe wis padha manjing pracaya marang Gusti Allah.
Nanging Krispus, lelurahe papan pangibadah, manjing pracaya marang Gusti dalah sabrayate sarta akeh wong Korinta, kang padha ngrungokake pangandikane Rasul Paulus, banjur manjing pracaya, nuli padha kabaptis.
Awitdene ingkang kaparingan prajanji punika panjenengan sadaya saha para putra panjenengan tuwin tiyang-tiyang ingkang taksih tebih sadaya, sapinten ingkang badhe tinimbalan dening Pangeran Allah kita.”