Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:48 - Kitab Sutji

48 Gusti Yesus tumuli ngandika marang priyayi mau: “Manawa ora ndeleng pratandha lan kaelokan, kowe ora bakal padha pracaya.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:48
29 Iomraidhean Croise  

Ingsun karsa nyariyosake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat kang wus katandukake marang ingsun dening Allah kang mahaluhur.


Abareng iki ingsun paring dhawuh, wong-wong ing saindenging karajan kang ingsun kuwaosi, kudu wedi kalawan gumeter marang Allahe Dhaniel, amarga Panjenengane iku Allah kang gesang langgeng ing salawase; paprentahane ora bakal sirna lan pangwaose ora bakal ana uwise.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.


Tumuli ana wong Farisi lan wong Saduki sing padha sowan arep nyoba marang Gusti Yesus. Wong-wong iku padha nyuwun marang Panjenengane, supaya ngatingalake pratandha saka ing swarga.


Sabab kristus-kristus palsu lan nabi-nabi palsu bakal muncul sarta padha nganakake tandha-tandha kang nggegirisi lan mukjijat-mukjijat; saupama bisaa mangkono, iku padha arep nasarake para wong pilihan uga.


“Bisa nulungi wong liya, kok ora bisa nulungi awake dhewe! Iku Ratu Israel? Cikben mudhun saka ing salib, banjur aku kabeh bakal pracaya.


Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Aku ndeleng Iblis tiba saka ing langit kaya cumlereting kilat.


Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”


Sanadyan Gusti Yesus wus nindakake mukjijat samono akehe ana ngarepe wong-wong iku, ewadene padha ora pracaya marang Panjenengane,


Saupama Aku ora nindakake panggawe ana ing antarane kang durung tau ditindakake dening wong liya, mesthi ora padha dosa. Nanging saiki sanadyan wus padha weruh marang iku kabeh, ewadene iya padha sengit marang Aku lan marang RamaKu.


Wong-wong Yahudi tumuli nyela atur marang Gusti Yesus: “Panjenengan saged damel mukjijat punapa ingkang saged Panjenengan ketingalaken dhateng kula sadaya, dene Panjenengan kok nindakaken pratingkah kados makaten?”


Pangandikane Gusti Yesus: “Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”


Unjuke priyayi mau: “Dhuh Gusti, mugi karsaa tedhak sapunika mumpung anak kawula dereng pejah.”


Rasul Paulus lan Barnabas lereb ana ing kono nganti sawatara mangsa, padha memulang kanthi kendel, amarga padha kumandel marang Gusti. Dene Gusti nyantosakake pawarta bab sih-rahmate iku kalawan paring panguwasa marang karone, kanggo nganakake pratandha-pratandha lan mukjijat-mukjijat.


Kabeh sing padha marepat banjur padha meneng, tumuli padha ngrungokake critane Rasul Paulus lan Barnabas bab pratandha lan kaelokan kang ditindakake dening Gusti Allah lumantar rasul loro iku ana ing antarane bangsa-bangsa liya.


Sarta Ingsun bakal nganakake mukjijat-mukjijat ana ing dhuwur, ana ing langit lan pratandha-pratandha ana ing ngisor, ana ing bumi: getih lan geni sarta kumeluning pega.


Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.


Wong kabeh padha kadunungan rasa wedi, dene para rasul iku padha nganakake mukjijat lan pratandha akeh.


Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”


Anadene para rasul padha nganakake pratandha lan mukjijat akeh ana ing antarane wong akeh. Kabeh wong kang padha pracaya tansah padha nglumpuk ana ing Bangsal Suleman ing sajrone patunggalan kang raket.


Anadene Sang Stefanus iku penuh ing rahmat lan panguwasa, nganakake mukjijat-mukjijat lan pratandha-pratandha ana ing antarane wong akeh.


Inggih panjenenganipun punika ingkang ngirid medal tiyang-tiyang wau sarana nindakaken mukjijat-mukjijat tuwin pratandha-pratandha wonten ing tanah Mesir, wonten ing Saganten Abrit tuwin wonten ing ara-ara-samun, ngantos kawan dasa taun dangunipun.


marga saka dayaning tandha-tandha lan mukjijat-mukjijat sarta marga dening panguwaosing Sang Roh Suci. Iya mangkono iku, sajroning mider-mider wiwit saka kutha Yerusalem nganti tumeka ing tanah Ilirikum, aku wus ngabarake Injile Sang Kristus sakatoge.


Wong Yahudi padha njaluk pratandha, lan wong Yunani padha ngupaya kawasisan,


Titikane yen aku dadi rasul iku wus kacihna ana ing antaramu kalawan sakehing sabar-mantep, kalawan pratandha-pratandha, mukjijat-mukjijat lan kasekten-kasekten.


Tekane si pangawak duraka iku marga saka panggawening Iblis, tuwin bakal kinanthenan kasekten warna-warna sarta pratandha-pratandha apadene mukjijat-mukjijat palsu;


Gusti Allah ngekahake paseksene kanthi tandha-tandha lan kaelokan sarta panguwasa warna-warna sarta kalawan Roh Suci, kang diedum-edumake ing sakarsane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan