Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:46 - Kitab Sutji

46 Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:46
14 Iomraidhean Croise  

Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun.” (Selah)


Bareng padha dipateni banjur padha nakokake marang Panjenengane, padha mratobat sarta padha ngupaya marang Gusti Allah;


Ingsun bakal kondur menyang ing padalemaningSun, nganti wong-wong iku padha ngaku luput lan ngupaya wadananingSun. Ing sajroning karupekane padha kangen marang Ingsun:


Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”


pindhah saka Nasaret lan dedalem ana ing kutha Kapernaum, ing sapinggiring sagara ing laladan tanah Zebulon lan Naftali,


Sajrone Gusti Yesus ngandika mangkono iku, nuli ana lelurahing papan pangibadah kang sowan lan matur: “Anak kawula estri saweg kemawon tilar donya ewasamanten Paduka mugi karsaa rawuh saha numpangi asta, tamtu badhe gesang malih.”


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”


Ing kono ana sawijining opsir penatus kang duwe batur, kang banget kanggepe, iku lara banget lan wis meh mati.


amarga anake wadon ontang-anting, kang kira-kira umur rolas taun meh mati. Gusti Yesus nalika tindak mrana, sarirane kadhesek-dhesek ing wong akeh.


Sawuse mangkono Gusti Yesus banjur tindak menyang ing kutha Kapernaum, bebarengan karo kang ibu lan para sadhereke tuwin para sakabate; nanging ana ing kono mung kendel sawatara dina bae.


Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro.


Banjur menyang ing Ebron, Rehob, Hamon lan Kana nganti tutug ing Sidon Gedhe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan