Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:41 - Kitab Sutji

41 sarta mundhak akeh maneh kang padha manjing pracaya awit saka pangandikane,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:41
13 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.


Wong-wong Samaria mau bareng wus sowan ing ngarsane Gusti Yesus, padha duwe atur panyuwun, muga karsaa lereb ana ing omahe. Panjenengane iya banjur lereb ana ing kono rong dina,


lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”


Roh iku kang nguripake, daging iku ora ana paedahe. Tembung kang Daktuturake marang kowe iku roh lan urip.


Wangsulane wong-wong iku: “Salaminipun dereng nate wonten tiyang ingkang wicanten kados tiyang punika!”


Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”


Para utusan mau diuntapake dening pasamuwan nganti tekan ing jaban kutha, banjur padha nerusake lakune ngliwati tanah Fenisia lan Samaria, sadalan-dalan padha ngundhangake pamratobate wong-wong kang padha ora wanuh marang Gusti Allah. Iki banget ndadekake bungahe para sadulur ing kono.


Nanging saiki padha pracaya marang Sang Filipus, kang martakake Injile Kratoning Allah sarta bab asmane Gusti Yesus Kristus tuwin padha kabaptis, wong lanang dalasan wong wadon.


Para rasul mau sawise paring paseksen lan martakake bab pangandikaning Gusti banjur padha kondur menyang Yerusalem sarta sadalan-dalan padha nggiyarake Injil ing desa akeh ing tanah Samaria.


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan