Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:38 - Kitab Sutji

38 Kowe padha Dakutus ngeneni kang dudu garapanmu. Wong liya kang padha nggarap, lan kowe kang padha ngundhuhi pametuning garapane.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:38
20 Iomraidhean Croise  

Ewasamono Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, mawali-wali anggone paring pepenget lumantar para utusane, amarga saka tresnane marang umate lan papan padalemane.


Ingsun ora kendhat-kendhat wus ngutus para abdiningSun, para nabi, kanthi piweling: Poma aja nindakake kanisthan kang Sunsengiti iku!


Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.


Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.


Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;


Awit tumrap iki bener bebasan kang muni mangkene: Kang siji nyebar, sijine kang ngeneni.


Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: “Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku.”


Wong-wong kang nampani pangandikane, padha kabaptis. Ing dina iku cacahe siswa wuwuh watara telung ewu.


Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.


Nanging wong kang padha ngrungokake piwulange mau akeh kang manjing pracaya, temahan cacahe wong lanang kira-kira dadi limang ewu.


Karodene cacahe wong kang padha pracaya marang Gusti saya wuwuh-wuwuh, lanang lan wadon,


Pangandikaning Allah saya sumebar, sarta cacahe siswa ing Yerusalem saya mundhak akeh. Dalah para imam akeh kang padha manut lan manjing pracaya.


Aku ora padha ngegungake pagawean kang dilakoni dening wong liya, ana ing wilayah pagawean kang ora kanggo aku, nanging pangarep-arepku, manawa pracayamu saya mundhak, aku bakal oleh pakurmatan luwih gedhe maneh ana ing antaramu, yen katandhing karo wilayah pagawean kang katemtokake kanggo aku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan