36 Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.
Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.
Lan saben wong kang marga saka Aku wis ninggal omahe, sadulure lanang utawa wadon, bapa-biyunge, anak-anake apadene palemahane, iku bakal tampa sembulih tikel satus lan bakal oleh warisan urip langgeng.
Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”
nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.”
Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.
Para sadulur, karepku supaya kowe padha sumurupa, yen aku wis kerep duwe niyat niliki kowe, supaya ana ing satengahmu aku uga bisa methik woh kayadene ana ing satengahing para bangsa saliyane bangsa Yahudi, – nanging nganti saprene tansah ana alangan –.
Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng.
Saupama anggonku nindakake iku mung manut karepku dhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas. Nanging anggonku nindakake mau ora saka karepku dhewe, awit pakabaran iku ayahan kang kabubuhake marang aku.
Yen mangkono banjur apa pituwasku? Pituwasku yaiku: aku diparengake ngabarake Injil tanpa pituwas, lan aku ora migunakake wewenangku anggonku dadi juru ngundhangake Injil.
Sabab sapa ta yen dudu kowe kang dadi dununging pangarep-arep lan kabungahanku kabeh, apadene makutha kang padha dakagungake ana ing ngarsane Gusti Yesus, Gusti kita, besuk ing dina rawuhe?
Diawas marang awakmu dhewe lan piwulangmu. Aja kemba-kemba anggonmu nindakake iku kabeh, amarga manawa kowe tumindak mangkono, kowe bakal mitulungi iya awakmu dhewe, iya kabeh wong, kang padha ngrungokake marang pituturmu.