Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:32 - Kitab Sutji

32 Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:32
13 Iomraidhean Croise  

Parentah kang miyos saka ing lathine ora dakterak; dhawuhing lesane daksimpen ing sajroning atiku.


Janji Paduka punika legi sanget wonten ing lak-lakan kawula, ngungkuli leginipun maben wonten ing cangkem kawula.


Pasrawungane Sang Yehuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengane, sarta iku padha diparingi sumurup bab prajanjiane.


Inggih makaten punika anggen kawula badhe ngluhuraken Paduka ing salaminipun kawula gesang, ngulukaken tangan kawula margi saking asma Paduka.


Ati iku ngrasakake kasusahane dhewe, dene wong liya ora bisa melu ngrasakake kabungahane.


Wetenge wong iku diwaregi klawan asile cangkeme, lan diwaregi dening pametune lambene.


Sawuse nyawane nandhang sungkawa Panjenengane bakal mirsani pepadhang nganti tuwuk; tuwin AbdiningSun iku, sarehne wong bener, bakal ngleresake wong akeh kalawan kawicaksanane, lan ngrembat pialane wong-wong mau.


Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.


Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”


Kang iku para sakabat padha sapocapan: “Apa kira-kira ana wong kang nyaosi dhahar?”


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, bakal Sunparingi mangan mana kang piningit, sarta Sunganjar watu putih, kang ing dhuwure katulisan jeneng anyar, kang ora kawruhan ing wong, kajaba kang nampani.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan