Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:31 - Kitab Sutji

31 Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:31
18 Iomraidhean Croise  

Nanging bareng disuguh mangan, wong mau banjur matur: “Kula boten badhe nedha, manawi dereng ngaturaken kaperluan kula.” Pangucape Laban: “Sumangga panjenengan lairaken!”


Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.


Nanging kowe aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowe kabeh padha-padha sadulur.


Yudas, kang bakal ngulungake Gusti Yesus, matur: “Rak sanes kawula, ta, Guru?” Pangandikane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani!”


Satekane banjur enggal-enggal, marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Ngaturaken salam, Guru,” nuli nucup.


Petrus banjur kelingan apa kang wis kelakon, nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, cobi kapirsanana, wit anjir ingkang Paduka supaosi punika sampun garing.”


Bareng wis tekan ing kono Yudas banjur marepeki Gusti Yesus sarta matur: “Rabbi,” nuli nucup.


Petrus nuli matur marang Gusti Yesus: “Rabbi, iba saenipun, bilih kawula sami wonten ing ngriki. Prayoginipun kawula sami ngadegaken tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun malih kagem Nabi Elia.”


Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?”


Natanael munjuk maneh: “Dhuh Rabbi, Paduka punika Putranipun Allah, Paduka punika Ratunipun Israel.”


Unjuke para sakabat: “Rabbi, saweg kemawon tiyang Yahudi sami nyobi mbenturi sela Paduka, punapa Paduka taksih karsa tindak mrika malih?”


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”


Wong-wong mau tumuli padha mangkat menyang ing sajabane kutha sowan marang ngarsane Gusti Yesus.


Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku duwe pangan kang ora padha koksumurupi.”


Bareng wong-wong mau meruhi Panjenengane ana ing sabrange sagara, tumuli padha munjuk: “Rabbi, kala punapa anggen Paduka rawuh ing ngriki?”


Para sakabate banjur munjuk pitakon marang Panjenengane: “Rabbi, sinten ingkang damel dosa, tiyang punika piyambak punapa tiyang sepuhipun, dene ngantos lairipun wuta makaten?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan