Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.”
Kacarita akeh wong Samaria ing kutha kono kang padha pracaya marang Panjenengane awit saka paseksene wong wadon mau: “Panjenengane wus mbedhek sakabehing lelakonku.”
Lah kok kanthi saenake bae pangucape, sarta wong-wong ora padha madoni apa-apa. Apa kirane para panggedhe kita iya wus ngreti manawa Dheweke iku Sang Kristus temenan?
Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”
Apadene Sang Roh lan panganten putri padha nyebut: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang krungu, iku munjuka: “Paduka mugi rawuh!” Lan sapa kang ngelak, majua lan sapa kang arep, njupuka banyu panguripan kalawan lelahanan.
Nabi Samuel tumuli mangsuli Saul, pangandikane: “Wong sidik iku iya aku iki. Munggaha ndhisikana lakuku menyang ing tetengger. Ing dina iku kowe bakal dakajak mangan bebarengan karo aku. Sesuk kowe dak lilani mulih lan aku bakal nyumurupake marang kowe sarasaning atimu.