Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:28 - Kitab Sutji

28 Wong wadon mau tumuli ninggal june ana ing kono, banjur menyang kutha lan crita marang wong-wong ing kono:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:28
8 Iomraidhean Croise  

Sang Senapati Naaman banjur sowan marang ing ngarsane gustine lan munjuk: “Makaten rembagipun lare estri ingkang saking nagari Israel punika.”


Wong-wong mau banjur enggal-enggal mangkat saka ing pasarean kanthi rasa wedi lan bungah banget, sarta enggal-enggal padha lumaku rerikatan marani para sakabat prelu menehi pawarta bab mau.


Banjur padha ngadeg lan bali menyang Yerusalem. Ana ing kono padha nyumurupi sakabat sawelas padha kumpulan karo para sadulur-sadulur liyane,


Lan sabaline saka ing pasarean, banjur padha nyritakake iku kabeh marang sakabat sawelas lan marang sadulur liyane kabeh.


Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”


“Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”


Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Aku wenehana ngombe!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan