Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:24 - Kitab Sutji

24 Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:24
13 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmane, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengane kalawan setya.


Sapa kang ngaturake pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake.”


Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!


Saupama ing atiku ana pangangen-angen kang ala, Pangeran mesthi ora karsa miyarsakake.


Awit mangkene pangandikane Kang Mahaluhur lan Kang Mahamulya, kang lenggah ing dhampar ing salawase lan kang asma Kang Mahasuci: “Ingsun lenggah ing papan kang dhuwur lan suci nanging uga nunggil karo wong kang rempu lan andhap-asor, prelu nyantosakake atine para wong kang andhap-asor sarta nguripake atine para wong kang rempu.


Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.


Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.


Awit Gusti iku Sang Roh; lan ing ngendi ana Rohing Allah ing kono ana kamardikan.


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Ratune sakabehing jaman, Gusti Allah kang langgeng kawontenane, kang ora katingal, kang asipat tunggal, iku kacaosana hurmat lan kamulyakna ing salawase! Amin.


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan