Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:23 - Kitab Sutji

23 Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:23
39 Iomraidhean Croise  

Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.


Pangeran Yehuwah karenan marang wong kang ngabekti marang Panjenengane, lan para wong kang ngarep-arep marang sih-kadarmane.


Pandongane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres, mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula; sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula, saking ing lambe ingkang boten dora.


Rahayu wong kang durakane ora kaetang dening Yehuwah, sarta kang atine ora kadunungan cidra!


Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika, sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon, supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil, saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik.


Kurban sesaosane wong duraka iku jember ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nanging pandongane wong temen ndadekake keparenge.


Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang, ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung, pamerna paraupanmu, wetokna suwaramu; amarga arum suwaramu, lan endah warnamu!”


Nanging ing wektu iku kekarene wong Israel lan wong kang bisa oncat ing antarane gelengan tedhake Rama Yakub, ora bakal sumendhe maneh marang kang ngalahake, nanging bakal sumendhe marang Sang Yehuwah, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, lan tetep setya.


Sarta Pangeran wus ngandika mangkene: “Ing sarehne bangsa iki sowan kalawan cangkeme lan ngluhurake Ingsun kalawan lambene, mangka atine ngedohi Ingsun, tuwin anggone ngabekti marang Ingsun iku mung marga saka prentahing manungsa kang diapalake,


umat kang wus Ingsun dhapuk kagem Ingsun iku bakal martakake misuwuringSun.”


Pancen saben dina padha ngupaya Ingsun lan seneng sumurup sakehing marginingSun. Kayadene bangsa kang nglakoni kang bener tuwin kang ora ninggal angger-anggering Allahe padha munjuk pitakon marang Ingsun bab angger-angger kang bener, padha seneng nyedhak sowan ing ngarsaning Allah, sarta munjuk pitakon:


Uga kalawan tumindake kabeh kang mangkono iku Yehuda, sadulure wadon kang ora setya iku, ora mbaleni Ingsun kanthi gumolonging atine, nanging mung lelamisan, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Lan manawa sira nglairake supata klawan kasetyan, kaadilan lan kabeneran: Demi Sang Yehuwah kang gesang, para bangsa bakal padha berkah-binerkahan ana ing Panjenengane lan bakal padha gedhe atine marga saka Panjenengane.”


Ingsun ngupadi ana ing satengahe wong-wong mau, sawijining wong kang sumedya ngedegake tembok utawa kang ngukuhi nagara iku ana ing ngarsaningSun, supaya aja nganti Sunsirnakake, nanging Ingsun ora manggih wong kang mangkono.


Sabab angger-angger iku anggone kaparingake lantaran Nabi Musa, dene sih-rahmat lan kayekten iku dumadine dening Sang Yesus Kristus.


Ananging Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Wus tekan wektune Putrane Manungsa kaluhurake.


Kowe bakal padha disebratake, malah bakal tumeka ing wektune saben wong kang mateni kowe, padha rumangsa yen saos pangabekti marang Gusti Allah.


Lah, bakal tumeka ing titi-mangsane malah iya wus tumeka, kowe padha kabuyarake ing sapara-paranmu dhewe-dhewe, lan Aku koktinggal ijen. Ananging Aku ora ijen amarga Sang Rama nunggil karo Aku.


Pangandikane Gusti Yesus: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.


Satemen-temene pituturKu ing kowe, bakal tumeka ing wektune, malah wus tumeka ing wektune, wong mati padha krungu swarane Putraning Allah. Sarta kang padha ngrungokake iku bakal urip.


Kowe aja padha gumun marang prakara iku mau. Sabab bakal tumeka ing wektune: Sakehe wong kang ana ing kubur padha krungu swarane,


Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gumolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:


Awit kowe padha ora nampani rohing pangawulan kang njalari kowe dadi wedi maneh, nanging kowe wis padha nampani Sang Roh kang njalari kowe dadi putrane Gusti Allah. Marga saka Roh iku kita banjur padha nyebut: “Abba, Rama!”


Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita; awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ing pandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kita marang Gusti Allah, kanthi pasambat kang ora kena winirasa.


Lan sarehne kowe iku padha dadi putra, mulane Gusti Allah wus ngutus Rohe Kang Putra marang ing sajroning ati kita, kang nguwuh: “Abba, Rama!”


ing sajroning pandonga lan panyuwunmu kabeh. Padha tansah ndedongaa ana ing patunggilaning Roh, sarta padha meleka lan ditegen anggonmu padha nyenyuwun kanggo para suci;


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi, supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane, kang wus nimbali kowe saka pepeteng marang ing pepadhange kang ngeram-eramake.


Mung bae kowe wedia marang Sang Yehuwah lan ngabektia klawan tumemen marang Panjenengane lan klawan gumolonging atimu, amarga sumurupa, sapira gedhene prakara-prakara kang katindakake ana ing antaramu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan