Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:22 - Kitab Sutji

22 Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:22
20 Iomraidhean Croise  

Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.


banjur padha nemoni Sang Zerubabel lan para kepalaning kulawangsa, sarta padha matur: “Kula sami kalilana tumut mbangun kaliyan panjenengan sadaya, ujer kula inggih sami ngabekti dhumateng Gusti Allah panjenengan sami kados panjenengan, lan inggih tansah sami kula saosi kurban wiwit jamanipun Sang Prabu Ezar-Hadon, ratu ing Asyur, ingkang dhawuh mindhah kula mriki.”


Sabdane kaparingake marang Rama Yakub, apadene pranatane lan angger-anggere marang Rama Israel.


Pinujia Pangeran! Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita. Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)


Gusti Allah iku sanyata dadi karaharjanku; aku kumandel ora kalawan gumeter, amarga Sang Yehuwah Allah iku kakuwatanku lan masmurku, Panjenengane wus dadi karaharjanku.”


Padha giyak-giyaka lan surak-suraka, he wong kang padha manggon ing Sion, amarga Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel, iku agung ana ing satengahmu!”


lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene: “Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah, menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub, supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine lan supaya kita padha lumaku ing kono; amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”


Kaslametan kang saka Ingsun wus cedhak, amarga Ingsun kang nyelakake tuwin pangluwaran kang Sunparingake ora bakal karandhatake maneh; Ingsun bakal paring pangentasan ana ing Sion sarta kamulyaningSun marang Israel.”


He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.


Karodene maneh: pawarta bab pamratobat lan apuraning dosa kudu kaundhangake marang sakabehing bangsa atas asmane, wiwit saka ing Yerusalem.


Amargi nalika kula mider-mider wonten ing kitha panjenengan saha ningal-ningali barang-barang ingkang panjenengan pundhi-pundhi, kula inggih nrenjuhi misbyah ingkang kaseratan makaten: Konjuk ing dewa ingkang boten kasumerepan. Wondene ingkang sami panjenengan sembah-sembah, sanadyan panjenengan dereng tepang punika, inggih punika ingkang badhe kula wartosaken.


Tanpa ngengeti malih dhateng jaman kabodhoan punika, Gusti Allah sapunika martosaken dhateng manungsa, bilih wontena ing pundi-pundi kemawon, sadaya tiyang kedah mratobat.


Lan ingkang rumiyin inggih kagem panjenengan sadaya punika anggenipun Gusti Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuweni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak saking piawon panjenengan.”


kowe aja padha gumunggung marang pang-pang iku! Manawa gumunggung dieling, yen dudu kowe kang nyangga oyod iku, nanging oyod iku kang nyangga kowe.


Amarga wus disumurupi dening kabeh wong, manawa Gusti kita iku trah saka Yahuda; dene tumrap taler iki Nabi Musa ora tau mangandikakake apa-apa bab kaimaman.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan