YOKANAN 4:21 - Kitab Sutji21 Pangandikane Gusti Yesus: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem. Faic an caibideil |
“He, anaking manungsa, tutura marang para pinituwaning Israel iku lan kandhanana mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira padha teka arep nyuwun pitedah marang Ingsun? Demi Ingsun kang gesang, Ingsun ora marengake sira padha nyuwun pitedah marang Ingsun – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. –
Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –