Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:20 - Kitab Sutji

20 Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:20
20 Iomraidhean Croise  

Pangandikane Sang Yehuwah marang panjenengane mangkene: “Ingsun wus midhangetake pandonga lan panyuwunira kang sira unjukake marang Ingsun; Ingsun wus nucekake padaleman kang sira yasa kagem paleremaning asmaningSun ing salawas-lawase. PaningalingSun lan galihingsun bakal tansah ana ing kono.


Sang Prabu Dawud banjur yasa misbyah kagem Pangeran Yehuwah ana ing kono, tumuli caos kurban obaran lan kurban kaslametan sarta nyebut marang Sang Yehuwah. Pangeran Yehuwah iya banjur paring wangsulan marang panjenengane kanthi geni kang tumurun saka ing langit marang ing dhuwure misbyah kurban obaran mau.


Sang Prabu Dawud banjur ngandika: “Ana ing kene iki padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lan ana ing kene iki misbyahe wong Israel kanggo saos kurban obaran.”


Nanging wekasane Ingsun milih Yerusalem minangka papaning padalemane asmaningSun sarta milih Dawud supaya ngwasani umatingSun Israel.


Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.


Padaleman iki saiki wus Sunpilih lan Sunsucekake, supaya asmaningSun lestari ana ing kono nganti ing salawase; paningalingSun lan panggalihingSun tansah bakal ana ing kono.


Sabab kutha Sion kang wus dipilih dening Pangeran Yehuwah, dikarsakake dadi padalemane.


nanging kang dipilih taler Yahuda, Gunung Sion kang kinasihan;


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Langit iku dhamparingSun lan bumi iku ancik-anciking sampeyaningSun; sira arep padha ngedegake padaleman apa kagem Ingsun, sarta panggonan apa kang bakal dadi palerebaningSun?


Nanging wong-wong Samaria padha ora gelem nampani rawuhe, amarga anggone tindak iku menyang Yerusalem.


Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun.”


Dadi samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus ngirid lakumu lumebu ing nagara kang kokparani lan bakal kokejegi, kowe kudu ngucapake berkah ana ing gunung Gerizim lan laknat ana ing gunung Ebal.


“Samangsa kowe wus padha nyabrang ing bengawan Yarden, kang kudu ngadeg ana ing gunung Gerizim prelu mberkahi bangsa iku, yaiku suku Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar, Yusuf lan Benyamin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan