Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:19 - Kitab Sutji

19 Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:19
14 Iomraidhean Croise  

Nanging pangandikane Nabi Elisa: “Apa atiku ora ngetutake kowe, nalika priyagung iku mandhap saka ing titihane kreta methukake kowe? Lah saiki kowe wis tampa selaka, kang kena kokanggo nganakake pakebonan-pakebonan, kebon jaitun, kebon anggur, wedhus lan sapi, batur lanang lan wadon,


Nanging salah sawijining punggawane munjuk: “Boten, dhuh gusti kawula Sang Prabu, namung kemawon Nabi Elisa, Nabi ingkang wonten ing Israel, punika ingkang ngaturi uninga dhateng ratu ing Israel bab pangandika ingkang kalairaken dening gusti kawula wonten ing kamar pasarean dalem.”


Wong akeh padha mangsuli: “Iku Nabi Yesus saka Nasaret ing tanah Galilea.”


Paring wangsulane: “Lelakon apa ta iku?” Unjuke kang kadangu: “Lelampahanipun Sang Yesus Nasarani, ingkang jumeneng nabi, ingkang kuwaos ing pandamel saha ing pangandika wonten ing ngarsaning Allah sarta wonten ing ngajengipun bangsa kula sadaya.


Kabeh wong padha wedi lan banjur padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Ana nabi agung kang jumeneng ing tengah-tengah kita, sarta Gusti Allah wis nuweni umate.”


Bareng wong Farisi kang ngaturi rawuh Gusti Yesus weruh kang kaya mangkono iku, dheweke banjur duwe osik mangkene: “Manawa Dheweke iku Nabi, mesthine ngreti, sapa lan wong apa sing nggepok awake iku; mesthi ngreti, yen iku wong dosa.”


Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku.”


“Ayo padha ndelenga, ing kana ana wong kang ngandhakake lelakonku kabeh marang aku. Apa kirane iku Sang Kristus?”


Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”


Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”


Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”


Ana nabi kang saka ing tengahmu, saka ing antarane para sadulurmu kaya aku iki, bakal diadegake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kanggo kowe, yaiku kang kudu kokestokake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan