Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 4:16 - Kitab Sutji

16 Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 4:16
9 Iomraidhean Croise  

Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus).”


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!


Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”


Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku.


Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku.”


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan