1 Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,
Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,
banjur nimbali sakabate loro, kadhawuhan matur marang Gusti: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula taksih kedah ngentosi sanesipun?”
Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis.
Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”
Pangandika ingkang supados kadhawuhaken dhateng tiyang-tiyang Israel, inggih punika pangandika ingkang martosaken bab tentrem-rahayu dening Gusti Yesus Kristus ingkang jumeneng dados Gustinipun sadaya tiyang.
Sabab Sang Kristus anggone ngutus aku iku ora supaya mbaptis, nanging supaya ngabarake Injil, lan bab iku ora nganggo kawasisaning tembung, supaya salibe Sang Kristus aja nganti dadi nglaha.
Awit kang dakwartakake iku dudu awakku dhewe, nanging Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Gusti, lan aku kang padha dadi abdimu marga saka karsane Gusti Yesus.
He para sadulurku, sarehne kowe kabeh iku wong kang pracaya marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita kang Mahamulya, anggonmu ngetrapake pracayamu aja nganggo mawang wong.