Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:8 - Kitab Sutji

8 Menyang ngendi midide angin iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:8
21 Iomraidhean Croise  

Pangeran ngandika sarta ndhatengake prahara, kang ngumbulake ombak-ombake,


praharane kasirep lan ombake segara padha anteng.


Pangeran ndadekake mendhung mumbul saka ing pungkasaning bumi, nitahake bledheg kang mbarengi udan, angin diwetokake saka ing gedhonge.


Angin midid mangidul, banjur mbalik mangalor terus-terusan anggone mubeng-mubeng, lan sajrone mubang-mubeng iku angin mau tumuli bali.


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Sira medhara wangsit marang rohing kauripan iku, medhara wangsit, he, anaking manungsa, lan tutura marang rohing kauripan iku mangkene: He rohing kauripan, mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Sira tekaa saka ing keblat papat, wong-wong kang pinatenan iki padha sira damonana, supaya padha urip maneh!”


kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.


Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh.


Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?”


Dumadakan ana swara saka ing langit, saemper sumiyuting angin gedhe, kang ngebeki saomah kang kanggo lelungguhan,


Nalika padha ndedonga iku, panggonane kumpulan banjur gonjing, sarta kabeh padha kapenuhan ing Roh Suci, tuwin tumuli padha martakake pangandikaning Allah kalawan kendel.


Nanging iki mau kabeh katindakake dening Sang Roh siji iku uga, kang paring ganjaran marang sawiji-wijining wong dhewe-dhewe ing sakarsane.


Awit sapa ta ing antarane manungsa kang bisa nyumurupi apa kang tinemu ana ing atine, kajaba mung rohe manungsa iku dhewe kang ana ing batine? Mangkono uga ora ana wong kang sumurup apa kang tinemu ana ing Gusti Allah kajaba Rohe Gusti Allah.


Manawa kowe padha sumurup yen Panjenengane iku sampurna, iya ngawruhana yen saben wong kang nglakoni ing kasampurnan, iku laire saka ing Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan