Sabab aku sumurup, yen aku iki, yaiku dagingku, ora kadunungan bab kang becik. Sabab karep iku pancen ana ing aku, nanging dudu bab nglakoni apa kang becik.
Awit nalika kita isih padha urip ana ing daging, hawa-nepsuning dosa kang kagugah dening angger-anggering Toret, iku ndayani ana ing gegelitaning badan kita, satemah kita padha metokake woh kanggo si pati,
Satemene biyen aku kabeh uga padha kaetung klebu ing antarane wong-wong iku, nalika urip ana ing sajroning hawa-nepsuning daging lan nuruti pakaremane daging lan pangangen-angenku kang ala. Pancena aku kudu padha kaparingan bebendu, kayadene wong-wong liyane.
Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.