Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:36 - Kitab Sutji

36 Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:36
38 Iomraidhean Croise  

Gusti Allah wus mitulungi nyawaku temah ora tumiba ing kubur, lan uripku bakal weruh pepadhang.


supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan, amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad. Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!


Sami katuwukan ing gajih saking padaleman Paduka, sarta Paduka paringi ngombe saking lepening kasukan Paduka.


Sanadyan sajroning uripe ngarani awake dhewe iku begja, lan dialem dening wong marga anggone mbeciki awake dhewe,


Satemene wong kang kumenthus, iku atine ora burus, nanging wong kang bener iku uripe awit saka pracayane.


Satemene wong-wong kang wus padha metu saka ing tanah Mesir, kang umur rong puluh taun sapandhuwur, mesthi bakal ora ana kang bisa ndeleng tanah kang wus Sunprasetyakake klawan sumpah marang Abraham, Iskak lan Yakub, awitdene padha ora ngantepi anggone manut marang Ingsun,


Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.”


Sapa kang pracaya lan kabaptis, bakal rahayu, nanging sing sapa ora pracaya, bakal kaukum.


sabab mripat kawula sampun nyumerepi karahayon peparing Paduka,


apadene sakabehing daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.”


Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane,


apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”


Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.


Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong kang ngrungokake ing pituturKu, sarta pracaya marang kang ngutus Aku, iku nduweni urip langgeng, tuwin bakal ora bakal katut kaukum, jalaran wus ngalih saka ing pati marang urip.


Iki roti kang wus tumurun saka ing swarga. Dudu roti kaya kang dipangan dening para leluhurmu, lan banjur wus padha mati. Sing sapa mangan roti iki bakal urip ing salawas-lawase.”


Satemene pituturKu marang kowe: Sapa kang netepi ing pituturKu iku bakal ora ngalami pati ing salawas-lawase.”


Nanging wong-wong Yahudi kang nampik pawartane, padha gawe panasing atine wong-wong kang ora wanuh marang Allah sarta gawe nepsune wong-wong mau marang para sadulur.


Amarga angger-anggering Toret iku nekakake bebendu, nanging ing ngendi ora ana angger-anggering Toret, ing kono iya ora ana panerak.


Apamaneh saiki, kita wus padha kabenerake sarana rahe, wus mesthi bakal luput saka ing bebenduning Allah.


Kang iku saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus.


Awit kabeh wong, kang uripe saka ayahane angger-anggering Toret iku kabawah ing laknat, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat wong kang ora setya anggone nglakoni samubarang kang katulis ana ing kitab angger-anggering Toret.”


Aja nganti kowe kena disasarake kalawan tetembungan kang kothong, awit prakara-prakara kang mangkono iku nekakake bebenduning Allah tumrap wong-wong duraka.


apadene nganti-anti rawuhe Kang Putra saka ing swarga, kang wus diwungokake saka ing antarane wong mati, yaiku Gusti Yesus, kan ngluwari kita saka ing bebendu kang bakal teka.


Awit Gusti Allah ora nyadhangake kita marang bebendu, nanging supaya oleh karahayon marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita,


Mendah saya abote paukuman kang kudu kasangga dening wong kang ngidak-idak Putraning Allah, sarta kang nganggep najis marang rahing prajanjian kang nucekake, tuwin ngremehake Rohing sih-rahmat.


kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,


Lan sapa kang wus disupaosi, bakal ora padha lumebu ing panggonan paleremane? Apa dudu wong kang padha ora mbangun-miturut iku?


Dadine kita padha sumurup, manawa wong iku padha ora bisa lumebu amarga saka anggone ora pracaya.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan