Sang Prabu Pringon tumuli ngandika marang Yusuf: “Ingsun iki Sang Prabu Pringon, nanging ing satanah Mesir kene ora kena ana wong kang tumindak apa-apa, kajaba saka palilahira.”
Dene bareng wong satanah Mesir padha kekurangan pangan, lan rakyat padha sambat nyuwun pangan marang Sang Prabu Pringon, Sang Prabu Pringon banjur ndawuhi marang wong Mesir kabeh: “Padha maranana Yusuf, nglakonana apa saprentahe marang sira!”
Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.
tumuli kaparingan pangwaos lan kaluhuran sarta pangwaosing karajan; wong-wong saka sakehing bangsa, suku bangsa lan basa banjur padha ngabdi marang Panjenengane. Pangwaose iku pangwaos kang langgeng, kang ora bakal sirna, sarta karajane iku karajan kang ora bakal rusak.
Samubarang kabeh wus kapasrahake marang Aku dening Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.
Sajrone lagi matur, dumadakan ana mega padhang kang ngayomi wong akeh, sarta banjur ana swara kaprungu saka ing sajroning mega, pangandikane: “Iki PutraningSun, KekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, Iku sira rungokna.”
Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”
Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.
Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.
Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.
punapa dene Asma Paduka sampun Kawula sumerepaken dhateng tiyang-tiyang punika sarta inggih badhe Kawula sumerepaken, supados sih ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika wontena ing tiyang-tiyang punika, sarta Kawula inggih wontena ing tiyang-tiyang punika.”
Sabab Sang Rama ngasihi Sang Putra sarta Panjenengane nedahake sabarang kang ditindakake piyambak marang Sang Putra iku. Malah Panjenengane iya bakal nedahake marang Kang Putra pandamel kang luwih agung maneh katimbang karo iku, supaya kowe padha gumuna.
Ujer samubarang kabeh wus ditelukake ing sangisoring sampeyane. Nanging yen ana pangandika: “Samubarang katelukake, dadi wus tetela yen kang nelukake samubarang kabeh marang Panjenengane iku mau mesthi ora kalebu.
Karodene samubarang kabeh wus tinata ing sangisore sampeyane Sang Kristus lan Panjenengane wus kaparingake marang pasamuwan minangka Sesirahing samubarang kang ana.
ing jaman wekasan iki Panjenengane wus ngandika marang kita lumantar Kang Putra, kang wus ditetepake dadi ahli-warise tumrap samubarang kabeh; iya lumantar Panjenengane Gusti Allah anggone wus nitahake alam jembar.
kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.