YOKANAN 3:34 - Kitab Sutji34 Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates. Faic an caibideil |
Anadene Ingsun, iki prajanjianingSun marang wong-wong mau, pangandikane Sang Yehuwah: RohingSun kang dumunung ana ing sira lan pangandikaningSun kang Sunparingake ana ing cangkemira ora bakal sumingkir saka ing cangkemira saka ing cangkeme turunira sarta saka ing cangkeme turune turunira, wiwit ing samengko nganti ing salawas-lawase, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Pangeran Yehuwah banjur tumedhak ing sajroning mega sarta ngandika marang Nabi Musa; karomaneh Roh kang dumunung ing Nabi Musa iku salong kapundhut, kaparingake marang para pinituwa pitung puluh iku. Kacarita bareng padha kadunungan Roh, tumuli padha medhar wangsit kaya nabi, nanging sawuse iku wus ora maneh.
inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.