Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:33 - Kitab Sutji

33 Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:33
17 Iomraidhean Croise  

Padha tumindaka ing gawe, aja supaya oleh pangan kang kena ing rusak, nanging supaya kang kena ing rusak, nanging supaya oleh pangan kang bisa tahan tumeka ing urip langgeng, kang bakal diparingake marang kowe dening Putraning Manungsa, awit iya Panjenengane iku kang wus disahake kalawan dicap dening Sang Rama Allah.”


Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.”


Manawa aku wus nindakake ayahan iku sarta wus masrahake wohing pambudidayane bangsa-bangsa liya mau, aku tumuli mangkat menyang ing tanah Spanyol liwat ing kuthamu.


Sarta pratandha tetak iku ditampani minangka ecaping kabeneran awewaton pracayane ing sadurunge supit. Iya mangkono iku anggone panjenengane banjur bisa dadi ramane para wong pracaya kang ora tetak, supaya kabeneran kaetunga tumrap wong-wong iku mau,


Sanadyan kanggone wong liya aku iki dudu rasul, nanging tumraping kowe aku iki rasul. Amarga uripmu ana ing Gusti iku minangka tandha cap tumraping karasulanku.


Demi Gusti Allah kang setya tuhu, janjiku marang kowe ora “iya” lan “ora”.


lan wus maringi tandha cap marang kita yen kita iku dadi kagungane lan kang maringi Sang Roh Suci ana ing ati minangka panjer.


Ana ing Panjenengane kowe kabeh, – awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon – iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.


Lan kowe aja gawe sekele Sang Rohing Allah kang suci, kang wus ngecap kowe kanggo ing dina pangentasan.


Nanging tetales kang kapasang dening Gusti Allah iku santosa, sarta tinengeran: “Pangeran nguningani sapa kang dadi kagungane,” lan “Sing sapa nyebut asmaning Pangeran iku supaya ninggala piala.”


Marga saka iku luwih ngyakinake marang wong-wong kang nduweni hak nampani prasetya iku ing bab teteping putusane, Gusti Allah wus nanggel kanthi supaos,


Saupama kita padha ngaku ora gawe dosa, dadi padha nganggep Panjenengane dora, sarta pangandikane ora dumunung ana ing kita.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan