Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.
Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.
Awit satemene pituturKu marang kowe: Nganti sirnane langit lan bumi iki, angger-angger ora bakal sirna saiyot utawa sacorek, sadurunge iku kabeh kalakon.
Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.
Lan manawa mripatmu dadi sandhungan, cuplaken, awit luwih becik kowe lumebu ing Kratoning Allah kalawan pece, katimbang karo ganep mripatmu, nanging kacemplungake ing naraka,
Banjur dipangandikani dening Gusti Yesus mangkene: “Satemene pituturKu ing kowe, kowe bakal padha weruh langit menga, lan para malaekating Allah padha mudhun lan munggah marang Putraning Manungsa.”
“Panjenengane wus padha micakake mripate lan mangkalake atine, supaya aja padha nganti ndeleng sarana mripate lan mangreti sarana atine, temah padha mratobat sarta Sunwarasake.”
Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?”
yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.
nanging tekan ing dina iki kowe padha ora diparingi akal-budi kang kanggo mangreti utawa mripat kanggo ndeleng, apadene kuping kanggo ngrungkokake dening Sang Yehuwah.
ing nalika iku Panjenengane nylametake marang kita, ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci,
Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.
Pinujia Gusti Allah iya Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,
Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.
Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.
Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.