“Sadurunge Ingsun nggatra sira ana ing guwa-garbane biyungira, Ingsun wus nguningani sira, lan sadurunge sira metu saka ing wetengan, Ingsun wus nyengker sira, Ingsun wus netepake sira dadi nabine sakehing bangsa.”
Ewasamanten kawula boten nate ngajap dhumateng Paduka supados ndhatengaken bilai, kawula boten ngajeng-ajeng dhatengipun dinten karibedan; inggih Paduka punika ingkang nguningani punapa ingkang medal saking lambe kawula, sadaya kabeber wonten ing ngarsa Paduka.
Wong kang Sunpilih iku tekene bakal semi; kaya mangkono anggoningSun bakal ngendhakake panggrundele wong Israel kang ditujokake marang sira, temah bakal wus ora prelu Sunpireng maneh.”
Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya?
Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.
Lan akeh wong kang sowan marang ing ngarsane sarta padha rasanan: “Sanadyan Nabi Yokanan ora damel pratandha apa-apa, nanging kabeh kang dipangandikakake dening Nabi Yokanan tumrap wong iku, iku nyata.”
Panjenengane banjur ngandika: “Mulane kowe wus padha Dakwarah mangkene: Ora ana wong kang bisa marani Aku kajaba manawa wus kaparingan wewenang saka Sang Rama.”
Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane.
Iya mangkono iku, dadi kita iki padha duwe ganjaran beda-beda, miturut sih-rahmat kang kaparingake marang kita: manawa ganjaran mau kanggo medhar wangsit prayoga anggon kita nindakake laras karo iman kita.
Nanging marga saka sih-rahmate Gusti Allah, aku dadi kaya ing sadadiku saiki iki, lan sih-rahmat kang kaparingake marang aku iku ora muspra. Sabab, aku wus nglakoni pagawean luwih akeh katimbang karo kancaku kabeh; mung bae dudu aku, nanging sih-rahmate Gusti Allah kang nunggil kalawan aku.
Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu padha manjing pracaya, miturut ayahane dhewe-dhewe kang kaparingake dening Gusti Allah.
Awit sapa ta kang nganggep kowe iku kinacek? Lan apa ta kang kokdarbeni kang ora saka anggonmu tampa? Dene yen marga saka anggonmu tampa, yagene kowe kok kumlungkung, kaya-kaya ora saka anggonmu tampa?
Saka Paulus, rasul kang ora awit saka manungsa, uga ora dening manungsa, nanging dening Gusti Yesus Kristus lan Gusti Allah, Sang Rama, kang wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati,
Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.
Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, – kandhaku iku bener, aku ora goroh – lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.
Angger peparing kang becik sarta ganjaran kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramane sakehing pepadhang, kang ora owah gingsir utawa ora ana empering pamalike.