Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:26 - Kitab Sutji

26 Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:26
23 Iomraidhean Croise  

Dhuh Allah, pepujian punika kagem Paduka wonten ing Sion, sarta tiyang ngluwari nadar wonten ing ngarsa Paduka.


Lan aku sumurup, manawa sakehing kangelan lan sakehing kabisan ing bab nindakake pagawean iku yaiku meri marang wong liya. Iku uga bab kang tanpa guna lan ateges mburu angin.


Demi Ingsun piyambak Ingsun wus supaos, saka ing tutukingSun wus kalair kabeneran, pangandika kang ora bakal kaceled; sarta kabeh wong bakal padha sujud jengkeng ana ing ngarsaningSun sarta padha sumpah manawa bakal setya marang Ingsun, kanthi migunakake sakehing basa,


Padha seneng diurmati ana ing pasar-pasar lan seneng disebut guru.


Nanging kowe aja gelem disebut guru, amarga mung siji Gurumu lan kowe kabeh padha-padha sadulur.


Nabi Yokanan nekseni mungguh Panjenengane sarta nguwuh-uwuh, pangandikane: “Iya iki kang dakkarepake nalika aku pitutur mangkene: Kang rawuh nungka aku iku wus ngrumiyini aku, amarga anane sadurunge aku.”


Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang, supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.


Sang Padhang kang sajati kang madhangi saben wong, iku lagi ngrawuhi jagad.


Manawi makaten punika dipun uja, mesthi sadaya tiyang sami pitados dhateng Piyambakipun, sarta kita lajeng sami kalurugan tiyang Rum sami ngrebat papan suci kita dalah bangsa kita pisan.”


Para wong Farisi banjur padha sapocapan: “Kowe wus padha weruh dhewe, yen kowe padha ora oleh gawe babar pisan; tontonen, wong sajagad kabeh padha ngetut-buri Dheweke.”


seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.”


Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,


– sanadyan dudu Gusti Yesus piyambak kang mbaptis, nanging mung para sakabate –


Nalika samana para sakabate tumuli matur marang Gusti Yesus, unjuke: “Rabbi, sumangga Paduka dhahar!”


Kowe wus padha kongkonan marang Nabi Yokanan, lan iku wus nekseni ing bab kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan