Nabi Yokanan banjur ngandika marang wong akeh kang padha teka nyuwun baptis: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?
Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis.
Aku banjur krungu swara saka ing langit kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya gumlegere gludhug kang nggegirisi. Lan swara kang dakrungu iku kaya swarane panylempung-panylempung kang padha ngunekake clempunge.
Aku banjur krungu kaya swarane wong golongan gedhe, kaya gumrojoging banyu akeh lan kaya swarane gludhug kang banter, tembunge: “Haleluya! Dene Pangeran, Allah kita, Kang Mahakuwaos, wus jumeneng raja.
Nuli padha budhal njlajahi pagunungan Efraim, lakune uga ngliwati tanah Salisa, nanging kuldine ora ketemu. Banjur njlajahi tanah Sahalim, nanging kuldine iya ora ana; wusana njlajahi tanah Benyamin, nanging uga ora ketemu.