Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:20 - Kitab Sutji

20 Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:20
18 Iomraidhean Croise  

Sawuse iku Sang Kenya mundhut wajane lan ngesok isine ana ing ngarsane Pangeran Amnon, nanging ora kersa dhahar. Pangeran Amnon ngandika: “Wong kabeh padha konen metu saka ing kene.” Wong kabeh banjur padha metu saka ing kono.


Pangandikanipun Sang Nata Israel marang Sang Prabu Yosafat: “Taksih wonten satunggal, ingkang saged dados lantaran anggen kita nyuwun pitedahipun Pangeran Yehuwah. Nanging kula sengit dhateng tiyang punika, awit boten nate meca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan, inggih punika Mikha bin Yimla.” Pangandikanipun Sang Prabu Yosafat: “Sang Prabu sampun ngandika makaten.”


Sareng tengah dalu piyambakipun tangi lajeng mendhet anak kawula saking ing sandhing kawula; nalika abdi dalem kawula tilem, anak kawula dipun tilemaken ing pangkonipun, dene anakipun ingkang pejah dipun tilemaken ing sandhing kawula.


mangka sira gething marang pameleh, sarta nyingkur marang pangandikaningSun.


Sarehne padha sengit marang kawruh lan ora milih ngabekti marang Pangeran Yehuwah,


Wong ambek memoyok emoh diwelehake, iya ora gelem marani wong wicaksana.


Sing sapa ngeremake mripate iku ngrancang kadursilan, kang ngingkemake lambene iku wus nglakoni piala.


saka wong kang padha ngungkurake dalan kang lurus lan lumaku ing dalan kang peteng;


Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.


sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi, lan atiku kok nampik pameleh,


Panganiaya matumpa-tumpa, para cidra tumpuk-undhung! Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.


Tumuli ana sawijine ahli Toret kang mangsuli, ature: “Guru, manawi Panjenengan ngandika makaten punika, ateges ugi ngremehaken golongan kula.”


Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah.”


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan