YOKANAN 3:2 - Kitab Sutji2 seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.” Faic an caibideil |
Sang Prabu Zedhekia nuli supaos dhedhemitan marang Nabi Yeremia, pangandikane: “Demi asmanipun Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang maringi nyawa punika dhateng kula sadaya, sampeyan boten badhe kula pejahi lan boten badhe kula pasrahaken dhateng para tiyang ingkang sami ngarah dhateng nyawa sampeyan punika!”
Kongkonan mau padha ngadhep lan matur: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur, tuwin boten ajrih dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang, nanging mulangaken bab margining Allah ing saleresipun. Caos paos dhateng Sang Nata Agung punika punapa dipun kengingaken? Kula kedah nyaosi punapa boten?”
inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.
Para sadherek Israel, kula aturi midhangetaken atur kula punika: Ingkang kula kajengaken inggih punika Gusti Yesus saking Nasaret, satunggaling priya ingkang sampun kapiji dening Gusti Allah saha ingkang sampun katelakaken dhateng panjenengan sadaya kaliyan kasekten-kasekten, tuwin mukjijat-mukjijat sarta pratandha-pratandha ingkang dipun wontenaken dening Gusti Allah lumantar Panjenenganipun wonten ing tengah-tengah panjenengan sadaya, kadosdene ingkang sampun panjenengan uningani.