Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:19 - Kitab Sutji

19 Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:19
33 Iomraidhean Croise  

saka wong kang padha ngungkurake dalan kang lurus lan lumaku ing dalan kang peteng;


Panganiaya matumpa-tumpa, para cidra tumpuk-undhung! Padha ora gelem wanuh marang Sang Yehuwah.


manuk unta, manuk uwek, manuk dares lan bangsa alap-alap sapepadhane,


Yen miturut papriksane imam kulite ana kang abuh, warnane putih, lan njalari wulune iya wus malih putih, mangka satengahe kang abuh mau ana daginge mendhukul,


Kaya mangkono kang bakal dadi paukumane wong Mesir, sarta paukumane sakehe bangsa kang ora seba mahargya riyaya Tancebing Tarub.


Anadene abdi kang ngreti marang karsane bendarane, mangka ora cecawis utawa ora nindakake apa kang dikarsakake dening bendarane, iku bakal digebugi marambah-rambah.


Iku mau kabeh iya kaprungu dening wong-wong Farisi, kang padha karem bandha, banjur padha ngencepi Panjenengane.


Sang Sabda kang kadunungan urip, sarta urip iku kang dadi pepadhanging manungsa.


Anadene Sang Padhang nelahi sajroning pepeteng, lan ora kalindhih dening pepeteng iku.


Samengko ana pangadilan ing ngatase jagad iki: Samengko uga panggedhene jagad iki bakal kabuwang metu;


Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.


Aku wus teka ing jagad dadi pepadhang, supaya sok wonga kang pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.


Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.


Sok wonga kang gelem nglakoni karsane, mesthi bakal ngreti piwulangKu iki saka Allah, apa saka tetembunganKu dhewe.


Jagad iku ora bisa sengit marang kowe, nanging Aku disengiti, amarga Aku nekseni yen panggawene jagad iku ala.


Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.”


Sasuwene Aku ana ing donya, Aku dadi pepadhanging jagad.”


Sabab sanadyan ngreti marang pamundhute angger-anggere Gusti Allah, yaiku yen sadhengah wong kang padha nglakoni kaya mangkono mau pantes kapatrapan ing paukuman pati, nanging ora ngamungake nglakoni dhewe bae, nanging iya ngrujuki marang kang padha nglakoni mangkono.


nanging wong kang mburu karepe dhewe, ora mbangun-turut marang kayekten, rumaket ing duraka, iku bakal padha kawales bebendu sarta deduka.


supaya kabeh wong kang ora pracaya marang kayekten lan seneng marang panggawe ala padha diukum.


Anggone padha kasandhung iku marga ora mituhu marang pangandikaning Allah; sarta wong-wong iku kacadhangake tumrap bab iku.


Kang luwih dhisik kudu koksumurupi, yaiku manawa besuk ing dina-dina wekasan bakal ana juru-juru pamoyok kang jumedhul memoyoki, yaiku wong kang lakune padha nuruti hawa-nepsune,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan