He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.
Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
kapriye dene wong sesengkeraning Allah kang diutus marani jagad, kok kokcalathoni: Kowe nyenyamah Gusti Allah. Apa marga ana tuturKu: Aku iki Putraning Allah?
Kawula sumerep, bilih Paduka tansah nyembadani dhateng Kawula. Nanging unjuk Kawula makaten punika margi tiyang kathah sami ngrubung Kawula, supados sami pitados bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.”
supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal kaliyan Paduka lan Kawula, supados jagad pitadosa, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
Kawula wonten ing tiyang-tiyang punika sarta Paduka wonten ing Kawula supados sampurnaa anggenipun dados satunggal, sarta supados jagad sumerepa, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula saha bilih tiyang punika sami Paduka kasihi kadosdene anggen Paduka ngasihi Kawula.
Dhuh Rama ingkang adil, jagad punika pancen boten wanuh dhumateng Paduka, nanging Kawula wanuh kaliyan Paduka, sarta tiyang-tiyang punika sami sumerep, bilih Paduka ingkang sampun ngutus Kawula;
Wondene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yesus Kristus utusan Paduka.
Amargi sadaya Pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng Kawula punika sampun Kawula tampekaken dhateng tiyang-tiyang wau saha sampun dipun tampeni. Punapadene sampun sami sumerep saestu, bilih pinangka Kawula punika saking Paduka lan sami pitados, bilih Paduka ingkang ngutus Kawula.
Nanging Aku iki nduweni paseksen kang ngungkuli paseksene Nabi Yokanan, iya iku sakabehing ayahan kang kaparingake Sang Rama marang Aku, supaya Daktindakake. Ayahan mau iya kang Daktindakake saiki, kang dadi paseksene anggonKu kautus dening Sang Rama.
Kowe aja padha duwe pangira yen Aku kang bakal nggugat kowe ana ing ngarsane Sang Rama, kang nggugat kowe iya iku Nabi Musa, yaiku Nabi Musa dununging pangarep-arepmu.
Dhawuh wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong mau: “Iki pagawean kang dikarsakake dening Gusti Allah, yaiku supaya kowe padha pracaya marang kang kautus dening Allah.”
Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”
Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.