Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:16 - Kitab Sutji

16 Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:16
28 Iomraidhean Croise  

Dhawuhe Sang Malaekat: “Tanganira aja sira agagake marang si bocah, lan aja sira kapak-kapakake! Awitdene saiki Ingsun mirsa yen sira ngabekti marang Gusti Allah, nganti sira ora owel masrahake anakira lanang ontang-anting marang Ingsun.”


Dhawuhe Gusti Allah: “Anakira ontang-anting, kang sira kasihi, yaiku si Iskak, iku alapen, gawanen menyang ing tanah Moria, ana ing kono saosna kagawe kurban obaran ana ing salah sawijining gunung kang bakal Suntedahake marang sira.”


Gedhe pangwaose, tuwin tentrem rahayu bakal tanpa wekasan ana ing dhampare Sang Prabu Dawud lan ana ing karajane, awit iku kadhasarake lan kasantosakake kalawan kaadilan lan kabeneran wiwit saiki nganti ing salawas-lawase. Adrenging panggalihe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa tumitah bakal nindakake iki.


Wis, padha sumingkira, padha pindengen isining pangandika, kang surasane: Kang Sunkarsakake iku dudu kurban, nanging kawelasan. Sabab tekaKu iki ora ngundang wong sampurna, nanging wong dosa.”


Saiki mung kari siji, yaiku anake kang ditresnani. Wasana iki iya dikongkon marang wong-wong mau, pamikire: Anakku mesthine dieringi.


“Kamulyakna Gusti Allah kang ana ing ngaluhur lan tentrem-rahayu anaa ing bumi, ing antarane manungsa kang dadi renaning panggalihe.”


Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.


Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu.


supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane oleh urip langgeng.


Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting.


Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”


Sabab karsane RamaKu iku, yaiku supaya saben wong kang ndeleng lan pracaya marang Sang Putra, iku nduwenana urip langgeng, sarta supaya Aku nangekna besuk ing wekasaning jaman.”


Sabab, manawa ing nalikane kita isih padha dadi satru wus karukunake kalawan Gusti Allah dening sedane Kang Putra, mendahane maneh saiki sawise karukunake, mesthi kita bakal kapitulungan rahayu awit saka gesange.


Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.


Kang ora ngeman Kang Putra piyambak, nanging malah nganti dipasrahake kanggo kita kabeh, apa iya kalakon ora maringake samubarang kabeh marang kita bareng lan Panjenengane?


Nanging Gusti Allah kang sugih kawelasan, awit saka gedhening katresnan kang kaluberake marang kita,


Anadene Panjenengane, Gusti kita Yesus Kristus, lan Gusti Allah, Rama kita, kang sajroning sih-rahmate wus ngasihi kita sarta kang wus ngganjar panglipur kang langgeng tuwin pangarep-arep becik marang kita,


Nanging bareng kamurahaning Allah, Pamarta kita, sarta katresnane marang manungsa kababar,


Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.


Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.


sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan