Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:13 - Kitab Sutji

13 Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing swarga, kajaba mung Panjenengane kang wus tumurun saka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:13
24 Iomraidhean Croise  

Sapa ta kang wus munggah marang swarga banjur mudhun? Sapa ta kang wus nglumpukake angin ing tangane? Sapa ta kang wus mungkus banyu nganggo sandhangan? Sapa ta kang nemtokake sakehe poncoting bumi? Iku jenenge sapa lan sapa jenenge anake? Kowe mesthi weruh!


apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe, nganti tumeka ing wekasaning jaman.”


Gusti Yesus ngandika: “Asu-wawar padha duwe rong, lan manuk ing awang-awang pada duwe susuh, nanging Putraning Manungsa ora duwe panggonan kanggo nyelehake sirahe.”


Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


Gusti Yesus mirsa, yen Sang Rama wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane sarta yen Panjenengane iku pinangkane saka ing Allah, lan wangsul marang Allah.


Dene sapunika, dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken Kawula wonten ing pangayunan Paduka piyambak kanthi kaluhuran ingkang dados gadhahan Kawula wonten ing ngarsa Paduka saderengipun jagad dumados.


Manawa kowe nalika Daktuturi bab kadonyan padha ora ngandel, kapriye bisamu padha ngandel saupama Daktuturana bab kaswargan?


Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathune iya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe saka ing swarga iku ngungkuli sakabehe.


Awitdene roti kang saka Gusti Allah yaiku kang tumurun saka ing swarga sarta kang nguripi jagad.”


Sabab anggonKu tumurun saka ing swarga iku ora supaya nglakoni karepKu dhewe, nanging karsane kang ngutus Aku.


Padha grenengan mangkene: “Apa iku dudu Yesus anake Yusuf? Aku rak padha wanuh karo bapa-biyunge? Kang iku kapriye kok duwe pangucap: Aku tumurun saka ing swarga?”


Kang mangkono iku ora ateges ana wong kang wus weruh marang Sang Rama. Mung kang pinangkane saka ing Allah iku kang wus ndeleng Sang Rama.


Aku iki roti kang urip, kang wus tumurun saka ing swarga. Manawa wong mangan roti iki, bakal urip ing salawas-lawase. Anadene roti bakal pawewehKu yaiku dagingKu, kang bakal Dakwenehake kanggo uripe jagad.”


Kang iku kapriye saupama kowe padha weruh Putrane Manungsa sumengka menyang padunungane kang dhisik?


Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.


Amargi sanes Sang Prabu Dawud ingkang minggah dhateng swarga, malah Sang Prabu Dawud piyambak ngandika makaten: Pangeran wus ngandika marang Gustiku:


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Nanging kabeneran kang awit saka pracaya iku, wewarahe mangkene: “Aja ana osiking atimu: Sapa ta kang bakal sumengka menyang ing swarga?” yaiku prelu ngaturi Gusti Yesus tumedhak,


Manungsa kang kawitan iku asale saka lemah sarta asipat kadonyan, dene manungsa kang kapindho asale saka ing swarga.


Dene pasamuwan iku kang dadi sarirane, kang kapenuhan ing Panjenengane, kang menuhi samubarang kabeh.


ora ana ing langit, samungguh mangkonoa kowe mesthi ngucap: Sapa kang bakal munggah menyang ing langit njupuk iku lan medharake marang kita, supaya padha kita lakoni?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan