Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:11 - Kitab Sutji

11 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Kang padha Dakrembug iku, iya kang padha Daksumurupi sarta kang padha Daksekseni iya kang padha Daktingali, ewadene kowe ora padha nampani ing paseksenKu kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:11
31 Iomraidhean Croise  

Yagene nalika Ingsun rawuh kok ora ana wong, lan nalika Ingsun nimbali kok ora ana kang sumaur? Apa bokmanawa astaningSun cupet dene ora bisa ngluwari, utawa apa Ingsun ora kagungan kakuwatan kanggo ngluwari? Lah marga Ingsun duka, Ingsun ngesatake sagara, kali-kali Sundadekke ara-ara samun; iwake padha mambu bacin marga ora ana banyu lan banjur padha mati kasatan.


Sapa kang ngandel marang pawarta kang padha dakrungu, lan sapa kang kawedharan astaning Yehuwah kang kwaos iku?


Lah dheweke wus Suntetepake dadi seksi tumrap para bangsa, dadi ratu lan nyekel paprentahan tumrap para suku bangsa;


Sadina muput anggoningSun wus ngegarake astaningSun marang suku bangsa kang mbalela, kang lumaku ing dalan kang ora becik lan kang ngenut rancangane dhewe;


Samubarang kabeh wus kapasrahake marang Aku dening Ramaku, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Putra, aliya Sang Rama, lan ora ana wong kang sumurup marang Sang Rama, aliya Sang Putra lan wong kang wus jinatenan saka karsane Sang Putra.


Yerusalem, Yerusalem kang mateni para nabi lan mbenturi watu marang wong-wong kang kautus nemoni kowe, wis nganti ping pira anggonKu kapengin nglumpukake anak-anakmu, kaya babon anggone nglumpukake kuthuk-kuthuke ing sangisoring suwiwine, nanging kowe padha ora gelem.


Samubarang kabeh wis kapasrahake marang Aku dening RamaKu lan ora ana wong kang sumurup sang putra iku sapa, kajaba Sang Rama, mangkono uga Sang Rama iku sapa, kajaba Sang Putra lan wong kang kawedharan dening Sang Putra, marga saka keparenging panggalihe.”


Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.


Ora ana wong siji-sijia kang wus tau weruh Gusti Allah. Sang Putra ontang-anting kang ana ing pangkone Sang Rama, iku kang nerangake kawontenane.


Awit Aku mituturi iku ora saka Aku dhewe, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku; Panjenengane iku kang paring dhawuh marang Aku, supaya ngandhakake apa kang kudu Daktuturake lan kang Dakterusake.


Sing sapa ora tresna marang Aku, iku ora netepi ing pituturKu; lan pituturKu kang kokrungu iku ora saka Aku, nanging saka Sang Rama kang ngutus Aku.


Manawa kowe nalika Daktuturi bab kadonyan padha ora ngandel, kapriye bisamu padha ngandel saupama Daktuturana bab kaswargan?


Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing swarga, kajaba mung Panjenengane kang wus tumurun saka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.”


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah.


TekaKu iki atas asmane RamaKu, nanging ora koktampani. Manawa ana wong liya kang teka atas jenenge dhewe iku bakal koktampani.


Gusti Yesus mangsuli: “Piwulang iki dudu piwulangKu dhewe, nanging piwulange kang ngutus Aku.


Dhawuh wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku nekseni awakKu dhewe, nanging paseksenKu iku nyata, amarga Aku sumurup ing sangkan-paranKu. Nanging kowe padha ora sumurup sangkan-paranKu iku.


Akeh prakara kang prelu Daktuturake mungguh ing kowe lan akeh uga kang kudu Dakukumake tumrap kowe kabeh; nanging kang ngutus Aku bener, apa kang Dakrungu saka Panjenengane, yaiku kang Dakwarahake marang jagad.”


Apa kang wus Dakdeleng ana ing RamaKu, iya iku kang Dakucapake. Mangkono uga kowe, padha nglakoni apa kang kokrungu saka bapakmu.”


Kula ningali Panjenenganipun, ingkang lajeng ngandika dhateng kula: Dienggal, mangkata saka ing Yerusalem dienggal, amarga wong-wong ora bakal nampani paseksenira ing bab Ingsun.


yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.


sarta maneh saka Gusti Yesus Kristus, Seksi kang setya, kang dhisik dhewe wungu saka ing antarane wong mati lan kang nguwaosi sakehing ratu ing bumi iki. Panjenengane, kang ngasihi kita lan kang wus mbirat dosa kita kalawan rahe, –


“Lan sira nulisa marang malaekate pasamuwan ing Laodhikia: Iki pangandikane Sang Amin, Seksi kang setya tuhu lan sajati, kang murwani titahing Allah:


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan