Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 3:10 - Kitab Sutji

10 Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 3:10
28 Iomraidhean Croise  

Salajengipun Paduka karsaa maringi manah ingkang tulus dhumateng Suleman, anak kawula, supados saged tansah gondhelan dhumateng ing sakathahing dhawuh Paduka tuwin pepenget Paduka sarta pranatan Paduka, punapa dene saged nglampahi punika sadaya saha saged yasa padaleman, ingkang sampun kawula cawisi samudayanipun punika.”


Kawula pinarengana mireng kabingahan lan sukarena, saha balung ingkang sampun Paduka remuk, sageda surak-surak malih!


Kawula damel dosa dhumateng Paduka, inggih namung dhumateng Paduka piyambak anggen kawula sampun damel dosa punika, sarta nglampahi ingkang Paduka galih awon, supados tetelaa bilih pancasan Paduka punika adil, saha patrap anggen Paduka ngadili punika resik.


Masmur anggitane Asaf. Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine, lan kang resik atine.


Awit para kang ngawat-awati umatingSun iku wong wuta, kabeh padha ora ngreti apa-apa; kabeh iku asu bisu, kang ora bisa njegug; padha keklemprakan kalawan ngalamun sarta mung padha seneng turu bae;


Marga saka iku Pangeran ora rena ing bab para nom-nomane, lan ora welas marang anak-anake lola lan marang para randhane, amarga wong iku kabeh padha murtad lan nindakake panggawe ala, sarta saben cangkem pangucape gemblung. Sanadyan iki kabeh kelakon, dukane durung mendha, tuwin astane isih kaagagake.


Nanging prajanjian kang bakal Sundamel karo wong Israel, sawuse wektu iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah – iku mangkene: ToretingSun bakal Sunparingake ana ing batine, sarta Sunserat ana ing atine; Ingsun banjur bakal jumeneng dadi Allahe lan wong-wong iku bakal padha dadi umatingSun.


Bakal padha Sunparingi ati kang seje lan roh kang anyar ana ing batine; atine kang kaya watu bakal Sunbengkas lan bakal Sunparingi ati daging,


Ing wektu iku Gusti Yesus munjuk: “Dhuh, Rama, Pangeraning swarga lan bumi, kawula ngaturaken genging panuwun, dene bab punika sadaya Paduka damel wados tumrap tiyang wicaksana saha tiyang wasis, nanging Paduka lairaken dhateng lare-lare.


Aja kokrewes wong iku, iku wong picak nuntun padha wong picak. Yen wong picak nuntun wong picak, loro-lorone mesthi padha kecemplung ing luwangan.”


Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Kowe iku padha kesasar, jalaran kowe padha ora sumurup bab Kitab Suci lan panguwasaning Allah.


Kacarita sawise telung dina ketemu ana ing Padaleman Suci lagi lenggah ana ing satengahe para alim-ulama, mirengake piwulange, sarta tetaken.


Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.


Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?”


Nanging ana sawijining priyayi Farisi, asma Gamaliel, ahli Toret kang kajen banget ana ing antarane wong akeh, kang nuli jumeneng sarta mundhut, supaya para rasul padha didhawuhana metu sadhela.


Awit kang diarani Yahudi iku dudu tata-laire, lan kang diarani tetak uga dudu tetak ing tata-laire.


Mulane padha netakana atimu lan aja wangkot maneh.


Karodene Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal netaki atimu lan atine turunmu, temah ndadekake kowe padha tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu, njalari kowe lestari urip.


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Ana ing Panjenengane anggonmu padha katetakan, dudu tetak kang katindakake dening manungsa, nanging sarana supite Gusti Kristus kang awujud pangrucating badan kang kadosan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan