Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 21:3 - Kitab Sutji

3 Simon Petrus tumuli kandha marang kanca-kancane mau: “Aku arep lunga golek iwak.” Wangsulane kancane: “Aku iya padha melu kowe.” Banjur padha mangkat nunggang prau, nanging sawengi iku padha ora oleh apa-apa.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 21:3
11 Iomraidhean Croise  

Simon mangsuli, unjuke: “Guru, sampun sadalu muput anggen kawula sami nyambutdamel kanthi saestu, boten angsal punapa-punapa, ewadene margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhe ndhawahaken jala.”


Nalika wus bangun esuk, Gusti Yesus jumeneng ana ing gegisik. Nanging para sakabate padha ora ngreti, yen iku Gusti Yesus.


sarta sarehne pagaweane padha, banjur manggen tunggal sapamondhokan. Karone nyambutgawe bebarengan, amarga padha-padha tukang tarub.


Kowe dhewe padha sumurup, yen kalawan tanganku dhewe anggonku nyambut-gawe amrih bisane oleh apa kang dadi kabutuhanku sarta kabutuhane para kang padha melu aku.


Mulane kang wigati iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kang nuwuhake.


Utawa apa mung aku lan Barnabas bae kang ora duwe wewenang kabebasake saka ing pagawean kasar?


Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan