Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 21:25 - Kitab Sutji

25 Isih akeh bab-bab liyane maneh kang katindakake dening Gusti Yesus, nanging saupama kabeh iku kudu katulisan siji-sijine, mesthi jagad iki ora bisa ngemot kabeh buku kang kudu katulis iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 21:25
12 Iomraidhean Croise  

Lah iku kabeh mau lagi mung poncot-poncoting margine, saiba ta lirihe sabawane kang kita rungu saka ing Panjenengane! Sapa kang bisa mangreti marang gumlegere tumindaking pangwasane?”


Rahayu wong, kang padha kumandel marang Pangeran Yehuwah, kang ora tumolih marang wong kang padha kumlungkung, lan marang wong kang nyimpang marang ing pambekan cidra.


cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka, saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten, amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.


Sarta maneh, anakku, sing waspada! Nganggit buku akeh iku ora ana uwise lan sinau akeh iku gawe keseling awak.


Nalika iku Imam Amazia, imam ing Betel kongkonan wong seba ing ngarsane Sang Prabu Yerobeam, raja ing Israel, dikon matur: “Amos sampun damel sakuthon badhe mbalela dhateng panjenengan dalem wonten ing tengahipun Israel, nagari punika boten badhe saged tahan dhateng tembung-tembungipun Amos punika.


wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong lara budhugen padha kabirat najise, wong budheg padha krungu, wong mati padha katangekake lan wong mlarat padha kawartanan kabar kabungahan.


Sapisan engkas pituturKu marang kowe, luwih gampang unta lumebu ing bolonganing dom tinimbang wong sugih lumebu ing Kratoning Allah.”


Wong-wong kang padha nyumurupi dhewe lelakon mau padha nyritakake marang wong-wong kang padha teka iku bab apa kang tumindak tumrap wong kang kapanjingan dhemit lan bab babi-babi mau.


inggih punika bab Gusti Yesus saking Nasaret: anggenipun jinebadan dening Gusti Allah kalawan Roh Suci saha kasekten, Panjenenganipun ingkang tindak mider-mider kalayan nindakaken kasaenan sarta nyarasaken sadaya tiyang ingkang kawasesa dening Iblis, amargi Gusti Allah nunggil kalayan Panjenenganipun.


Tumrap ing sadhengah prakara aku wis aweh tuladha marang kowe, yen wong padha kawajiban nyambut-gawe mangkono kagawe mbiyantu wong-wong kang sekeng sarta kudu eling marang pangandikane Gusti Yesus, sabab Panjenengane piyambak wis ngandika: “Rahayu wong weweh, katimbang karo nampani.


Sarta apa maneh sing kudu dakpratelakake? Jalaran aku bakal kakurangan wektu, manawa aku arep nyritakake bab Hakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel sarta para nabi,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan