Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 21:23 - Kitab Sutji

23 Banjur sumebar kabar ing antarane para sadulur, yen sakabat iku mau bakal ora mati. Nanging Petrus ora dipangandikani dening Gusti Yesus, yen sakabat mau bakal ora mati, nanging: “Saupama dheweke Dakkarepake supaya tetep urip nganti satekaKu, iku dudu prakaramu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 21:23
12 Iomraidhean Croise  

nanging marang manungsa pangandikane: Lah pangabekti marang Pangeran iku kawicaksanan sarta nyingkiri piala iku akal-budi.”


Yagene kowe kok madoni Panjenengane, awit ora paring wangsulan marang sakehing tembungmu?


Kabeh kang manggon ing bumi iku kaetang remeh; wadya-balaning langit lan kang manggon ing bumi padha kadamel manut ing sakarsane; lan ora ana wong siji-sijia kang bisa mekak astane kalawan munjuk marang Panjenengane: “Punapa ingkang Paduka tindakaken?”


Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.


Ing nalika samana Rasul Petrus banjur jumeneng ana ing satengahe para sadulur, kang lagi padha nglumpuk, cacahe watara satus rong puluh, sarta ngandika:


Ana ing kono ketemu karo para warganing pasamuwan, banjur dipurih nginep pitung dina. Sawise mangkono nuli budhal menyang ing kutha Rum.


Mulane, para sadulur, padha miliha wong pitu saka ing antaramu, kang wus katitik becik, lan kapenuhan ing Roh sarta kawicaksanan, supaya kenaa dakangkat kanggo bubuhan iku


Awit saben-saben kowe padha mangan roti iki sarta ngombe ing tuwung iki, iku ateges kowe padha martakake sedane Gusti nganti tumeka ing rawuhe.


Mulane kowe aja ngadili sadurunge tekan ing wektune, yaiku sadurunge Gusti rawuh. Panjenengane kang bakal medharake samubarang kang sumimpen ana ing pepeteng, lan kang bakal nglairake ciptaning ati. Ing kono saben wong bakal oleh pangalem saka Gusti Allah.


Prakara kang samar iku karegem ing Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, nanging apa kang wus kalairake iku kanggo kita lan anak-putu kita ing salawas-lawase, supaya kita padha ngestokna sakehe pangandikaning angger-anggere.”


Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti! Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi.


Nanging apa kang sira duweni iku kukuhana nganti sarawuhingSun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan