2 Ana ing pasisir kono kang padha ngumpul: Simon Petrus lan Tomas kang karan Dhidhimus, Natanael kang saka ing kutha Kana tanah Galilea, anake Zebedheus lan sakabate liyane loro.
Samono uga Yakobus lan Yokanan, anak-anake Zebedheus, kang padha dadi rewange Simon. Gusti Yesus nuli ngandika marang Simon: “Aja wedi, wiwit saiki kowe bakal padha amek wong.”
Filipus ketemu Natanael, banjur dituturi mangkene: “Aku wus padha ketemu karo kang kasebutake dening Nabi Musa sajroning Toret sarta dening para nabi, iya iku Gusti Yesus putrane Bapak Yusuf, saka ing Nasaret.”
Prakara mau katindakake dening Gusti Yesus ana ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake kaluhurane. Para sakabate tumuli padha pracaya marang Panjenengane.
Gusti Yesus tumuli tindak maneh menyang ing Kana ing tanah Galilea, panggonane nalika Panjenengane nyabdakake banyu dadi anggur. Anadene ing Kapernaum ana priyayi kadhaton duwe anak lanang kang lagi lara.