19 Bab iku dipangandikakake kanggo mrasemoni kapriye patrape Petrus anggone bakal mati kanggo ngluhurake Gusti Allah. Sawuse ngandika mangkono mau tumuli dhawuh marang Petrus: “Melua Aku!”
Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.
Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.
Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.
Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.”
Amarga kang banget dakpengini lan dakarep-arep, yaiku yen tumraping samubarang kabeh aku ora bakal kawirangan, nanging kayaa sing uwis-uwis, mangkono uga saiki, Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.
Jalaran aku sumurup, manawa aku bakal enggal ninggal tarubing badanku iki, kayadene kang wis kapangandikakake marang aku dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.
Lan Nabi Samuel ngandika marang bangsa iku: “Aja padha wedi, pancen kowe wus padha nglakoni piala iki, nanging aja kendhat anggonmu ngetutwuri Sang Yehuwah, malah anggonmu ngabekti marang Sang Yehuwah diklawan gumolonging atimu.