YOKANAN 21:18 - Kitab Sutji18 Satemen-temene pituturKu ing kowe: Nalika kowe isih enom, kowe sabukan dhewe lan kowe lumaku menyang ngendi bae kang kokkarepake, nanging besuk manawa kowe wus tuwa, kowe bakal mulung tanganmu lan wong liya kang bakal nyabuki, banjur nggawa kowe menyang panggonan kang ora kokkarepake.” Faic an caibideil |
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu!
Iku manggihi aku kabeh, banjur mundhut ageme peningset Rasul Paulus, diagem nangsuli sampeyane lan astane piyambak kalawan ngandika: “Pangandikane Sang Roh Suci: Kang kagungan paningset iki bakal kabesta mangkene iki dening wong-wong Yahudi ing Yerusalem sarta bakal kapasrahake marang tangane bangsa-bangsa liya.”