YOKANAN 21:17 - Kitab Sutji17 Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus kang kaping telune: “Simon, anake Yokanan, apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus dadi sedhih atine amarga Gusti Yesus ndangu kang kaping telune: “Apa kowe dhemen marang Aku?” Petrus banjur munjuk: “Dhuh, Gusti, Paduka mirsa samukawis, inggih mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen wedhus-wedhusKu! Faic an caibideil |
Kawula sumerep, dhuh Allah kawula, bilih Paduka punika ndadar manah saha rena dhateng manah ingkang eklas, milanipun kawula inggih ngunjukaken punika sadaya kanthi manasuka saha kalayan legawaning manah; dene ing samangke, umat Paduka ingkang wonten ing ngriki kawula tingali sami ngunjukaken pisungsung manasuka kalayan senenging manah.
“Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah inggih Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah, punika ingkang nguningani sarta tiyang Israel pantes ugi nyumerepi! Manawi kalampahanipun punika margi saking kekajengan badhe mbalila utawi boten setya dhumateng Sang Yehuwah, kula sampun ngantos sami kaparingan wilujeng dening Yehuwah ing dinten punika;