Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 21:15 - Kitab Sutji

15 Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 21:15
49 Iomraidhean Croise  

Nanging Yakub mangsuli marang Esap: “Panjenengan mirsa, bilih lare-lare punika taksih kirang kiyat, saha kula mbekta menda lan lembu ingkang taksih nesepi, punika saupami dipun bereg lampahipun sadinten kemawon, temtu sapantha badhe pejah sadaya.


Punapa ingkang saged dipun unjukaken Dawud dhumateng paduka langkung saking punika? Paduka rak sampun uninga bab ingkang abdi punika, dhuh Pangeran Yehuwah?


“Dhuh Yehuwah, Paduka karsaa ngengeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah punapadene kawula sampun nglampahi punapa ingkang sae wonten ing paningal Paduka.” Sang Prabu Hizkia tumuli muwun kang banget kae.


Kayadene pangon Panjenengane anggone ngengen pepanthane, sarta iku padha diklempakake kalawan astane; cempene padha dipangku, embokne padha katuntun kalawan ngatos-atos.


Ingsun bakal milih pangon-pangon kang bakal ngengon wedhus-wedhus iku, temah ora padha wedi maneh, ora kaget, sarta ora ana siji-sijia kang ketriwal. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Ingsun bakal milih pangon-pangon kang cocog karo panggalihingSun kang bakal ngengon sira kabeh kanthi kawruh lan pangreten.


Ingsun bakal ngangkat sawijining pangon kanggo wedhus-wedhus iku, kang bakal ngengon, yaiku abdiningSun Dawud; iku kang bakal ngengon lan dadi pangone.


Panjenengane ngandika marang aku: “Iki pawon kanggo olah-olah; para kang padha nduweni kawajiban ana ing Padaleman Suci anggone ngolah kurban sembelehan kanggo rakyat ana ing kene.”


Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.


Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.


Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.


Petrus mangsuli, ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margi saking Paduka, kawula babar pisan boten.”


Atur wangsulane Petrus: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Para sakabat liyane iya padha munjuk mangkono.


Petrus banjur munjuk: “Sanadyan sadaya sami kacuwan, kawula temtu boten.”


Aja padha wedi, heh pepanthan cilik! Amarga Ramamu wis kepareng maringake Kraton iku marang kowe.


nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”


Simon mau tumuli diirid menyang ngarsane Gusti Yesus. Gusti Yesus banjur mandeng Simon sarta ngandika: “Kowe iku Simon anake Yokanan. Kowe bakal dijenengake Kefas (tegese: Petrus).”


Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka.”


awitdene Sang Rama piyambak ngasihi kowe, marga kowe wus padha tresna marang Aku, lan pracaya yen Aku iki pinangkane saka ing Allah.


Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus.


Sakabat kang dikasihi dening Gusti Yesus tumuli kandha marang Petrus: “Iku Gusti.” Bareng Simon Petrus krungu, yen iku Gusti Yesus, tumuli nganggo sandhangane, marga isih ngliga; banjur ambyur ing sagara.


Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa Gusti Allah iku Ramamu, kowe mesthi padha tresna marang Aku, awit wijilKu lan tekaKu iku saka ing Allah. Apa maneh tekaKu iku iya ora saka karepKu dhewe, nanging Panjenengane kang ngutus Aku.


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Aku sumurup, yen saungkurku bakal ana asu ajag kang galak kang padha nekani kowe lan kang ora ngeman marang pepanthan mau.


Wong kang ringkih pracayane iku tampanana, lan aja ngrembug panemune.


Anadene kita kang padha santosa, wajib nyabari karingkihaning wong kang ora santosa, lan aja ngupaya kasenengan kita dhewe.


Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu, dadi nemu tiwas marga saka “kawruhmu”, mangka Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong iku.


Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.


temahan kita ora dadi bocah maneh, kang diobat-abitake dening sarupane angine piwulang, dening pratingkah nasar lan culikane manungsa kang mblasukake,


Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.


Dene Gusti Allahing tentrem-rahayu kang kanthi rahing prasetyan kang langgeng wus ngentasake saka ing antarane wong mati. Pangene sakabehing wedhus kang pinunjul, iya iku Gusti Yesus, Gusti kita,


Sarta ora ana titah kang sinamar ana ing ngarsane, jalaran samubarang kabeh katon ngeblak lan bukakan ana ing ngarsane paningale kang mundhut panjawab marang kita.


Panjenengane kang koktresnani sanadyan ora tau kokdeleng sarta kokpracaya sanadyan saiki ora koksipati: Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira-kira,


Dikaya bayi kang nembe lair, kang tansah kapengin marang banyu susu kang murni kang asipat rohani, supaya marga saka iku padha lestaria tuwuhmu ing bab karahayon,


Awitdene dhek biyen kowe padha kesasar kaya wedhus, nanging saiki wis padha bali marang pangon sarta pamomonging nyawamu.


Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.


Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, lan sok wonga kang tresna marang kang mutrakake, iku iya tresna marang kang diputrakake.


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan