Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 21:12 - Kitab Sutji

12 Pangandikane Gusti Yesus marang para sakabat: “Mrenea, padha sarapana.” Ora ana ing antarane para sakabat iku kang wani munjuk pitakon: “Paduka punika sinten?” Amarga wus padha ngreti, yen Panjenengane iku Gusti Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 21:12
9 Iomraidhean Croise  

Ora ana siji bae kang bisa ngaturi wangsulan, sarta wiwit nalika iku ora ana wong siji bae kang wani ngaturake pitakonan marang Panjenengane.


Para sakabat padha ora ngreti marang pangandika mau, nanging padha ora wani miterang.


Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.


Gusti Yesus mirsa, yen para sakabate padha sumedya munjuk miterang marang Panjenengane, banjur ngandika: “Kowe apa padha rasanan bab pituturKu mau: Mung kari sadhela nuli kowe padha ora ndeleng Aku lan sadhela engkas banjur bakal padha ndeleng Aku maneh?


Simon Petrus banjur munggah ing prau lan ngentas jalane menyang ing dharatan, jala iku kebak iwak gedhe-gedhe: nganti satus seket telu kehe. Nanging sanadyan nganti samono kehe, jalane ora bedhah.


Sawuse padha sarapan, Gusti Yesus ngandika marang Simon Petrus: “Simon anake Yokanan, apa kowe tresna marang Aku ngluwihi wong-wong iki?” Unjuke Petrus: “Inggih Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” Pangandikane Gusti Yesus: “Engonen cempe-cempeKu!”


Nalika samana para sakabate teka, sarta padha gumun dene Gusti Yesus imbal pangandika karo wong wadon. Ananging ora ana siji-sijia kang munjuk: “Ingkang Paduka karsakaken punapa?” Utawa: “Tiyang punika Paduka pangandikani punapa?”


boten dhateng tiyang sabangsa sadaya, nanging dhateng para seksi, ingkang saderengipun sampun tinuding dening Gusti Allah, inggih punika dhateng kula sadaya ingkang sampun ndherek nedha lan ngombe kaliyan Panjenenganipun, sasampunipun Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan