Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 21:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene:

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 21:1
11 Iomraidhean Croise  

Nanging sawise Aku tangi, Aku bakal ndhisiki kowe kabeh menyang ing Galilea.”


Para sakabat sawelas nuli padha mangkat menyang Galilea, menyang ing gunung kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus.


Mulane padha endang balia lan kandhaa marang para sakabate, yen Panjenengane wis wungu saka ing antarane wong mati lan ndhisiki lakumu menyang Galilea. Kowe bakal padha ndeleng Panjenengane ana ing kana. Yaiku pawartaku marang kowe kabeh.”


Sawise iku, Panjenengane ngatingal kalawan ngagem rupi seje marang wong loro panunggalane, nalika karone padha lumaku menyang ing jaban kutha.


Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


Nanging saiki padha lungaa, para sakabate lan Petrus kandhanana: Panjenengane ngrumiyini kowe kabeh menyang ing tanah Galilea. Ana ing kana kowe bakal padha ndeleng Panjenengane, kaya kang wis dipangandikakake marang kowe kabeh.”


Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.


Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing sabrange sagara Galilea, yaitu sagara Tiberias.


Nanging tumuli ana prau liyane sawatara teka saka ing Tiberias ana ing sacedhake panggonan mangan roti sawuse Gusti caos sokur mau.


Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan