9 Awit salawase sakabat-sakabat mau durung padha mangreti isine Kitab Suci kang mratelakake, yen Gusti Yesus pinesthi wungu saka ing antarane wong mati.
Panjenengane bakal ngicali pati ing sateruse; tuwin Pangeran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakehing rai; sarta kawirangane umate bakal kaedohake saka ing salumahing bumi, awit Pangeran Yehuwah wus ngandika mangkono.
Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.
Apa Ingsun bakal ngluwari wong-wong iku saka pamisesane jagade wong mati, utawa Suntebus saka ing pati? Heh pati, ana ing ngendi pageblugira, he jagade wong mati, ana ing ngendi kakuwatanira ngrusak? Ing paningalingSun ora ana kawelasan.
Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.
Ing tembe, sawuse Gusti Yesus wungu saka ing antarane wong mati, para sakabate lagi padha kelingan, yen Panjenengane wus tau ngandika mangkono mau, banjur padha pracaya marang Kitab Suci lan marang pangandika kang kadhawuhake dening Gusti Yesus.
kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”
Nanging lajeng kawungokaken dening Gusti Allah, kauwalaken saking sangsaraning pejah, amargi boten badhe Panjenenganipun lestantun kawengku dening panguwaosing pejah punika.