5 Lan bareng nginguk, weruh yen ulese wus sumeleh ing lemah; nanging dheweke ora mlebu.
Kang mati banjur metu, tangan lan sikile isih kablebed ing ules, lan raine katutupan ing kacu. Pangandikane Gusti Yesus: “Uculana ulese, kareben lunga!”
Wong-wong mau ngukup layone Gusti Yesus lan diulesi ing lawon nganggo adon-adon kaya adate wong Yahudi yen metak layon.
Nanging Maryam Magdalena ngadeg ana ing sacedhake pasarean karo nangis. Sajrone nangis nginguk ing pasarean,
Sakarone padha mlayu bebarengan, nanging sakabat liyane iku playune luwih rikat tinimbang Simon Petrus, temahan luwih dhisik tekane ing pasarean.
Simon Petrus olehe nututi iya tumuli tekan sarta banjur mlebu ing pasarean, lan weruh ulese sumeleh ing lemah