Wangsulane: “Punapa kemawon ingkang badhe kelampahan, kula badhe mlajeng mangkat.” Yoab banjur ngandika: “Yen mangkono iya wis mlayua!” Ahimaas banjur lumayu metu dalan kang saka Lebak Yarden, temah tekane ndhisiki wong Etiopia iku.
imam kudu mriksa memala iku, manawa katone luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune lemes semu kuning, wong iku ditetepna najis dening imam. Iku borok, iya memala saraat ing sirah utawa ing jenggot.
Apa kowe padha ora sumurup, yen wong kang melu ana ing pambalapan iku kabeh padha lumayu, nanging mung siji kang tampa ganjaran? Mulane padha lumayua amrih kowe bisaa tampa ganjaran.
Awit manawa anggonmu weweh iku kalawan eklas, pawewehmu iku mesthi bakal ditampani, manawa pawewehmu iku awewaton apa kang kokduweni, ora awewaton apa kang ora kokduweni.