Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YOKANAN 20:26 - Kitab Sutji

26 Bareng tumeka ing wolung dinane para sakabate Gusti Yesus padha ana ing jero omah iku maneh sarta Tomas iya ana. Gusti Yesus tumuli rawuh nalika lawange padha kakancing, banjur jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YOKANAN 20:26
14 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, kawula sami Paduka cawisi tentrem rahayu, amargi samubarang ingkang kawula lampahi, sadaya sami Paduka tindakaken kangge kawula sadaya.


kajaba manawa banjur padha ngupaya pangayoman marang Ingsun tuwin ngudi rukun kalawan Ingsun, iya ngudi rukun kalawan Ingsun!”


Sabab sanadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger padha gonjing, nanging sih-susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira tuwin prajanjian-karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih-palimirma marang sira.


Sawise nem dina Petrus lan Yakobus sarta Yokanan sadulure kadhawuhan ndherek Gusti Yesus minggah ing gunung kang dhuwur, prelu miyambak.


Sawuse mangkono Gusti Yesus ngatingal marang sakabat sawelas, nalika lagi padha mangan, sarta banjur padha ditutuh bab cupeting pangandele lan dableging atine, dene kok padha ora ngandel marang critane wong-wong kang wis padha ndeleng Panjenengane sawuse wungu.


Nalika padha rembugan bab iku mau, Gusti dumadakan jumeneng ana ing tengahe sarta ngandika: “Tentrem rahayu anaa ing kowe kabeh.”


Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.


Banjur Tomas, kang karan Dhidhimus, kandha marang kanca-kancane para sakabat: “Payo, kita padha bela pati Panjenengane.”


Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem-rahayuKu Dakwenehake marang kowe, lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang lan aja giris.


Bareng ing wayah bengi ing dina kapisan minggu iku para sakabate Gusti Yesus padha nglumpuk ana ing sawijining papan, lawange padha kakancing awit saka wedine marang wong Yahudi. Ing nalika iku Gusti Yesus rawuh jumeneng ana ing tengah-tengahe para sakabat sarta ngandika: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh!”


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”


Sawuse mangkono, Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate maneh ana ing pinggire sagara Tiberias; dene anggone ngatingal mau mangkene:


Iku wus ping telune anggone Gusti Yesus ngatingal marang para sakabate sawuse wungu saka ing antarane wong mati.


Sareng sampun rampung anggenipun nandhang sangsara, Panjenenganipun lajeng ngatingal dhateng para rasul wau, sarta kalayan pratandha kathah paring bukti, bilih Panjenenganipun gesang. Amargi ngantos kawan dasa dinten laminipun anggenipun wongsal-wangsul ngatingal saha wawan pangandika bab Kratoning Allah kaliyan para rasul wau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan